Selasa, 13 April 2010

TUGAS E-LEARNIG KL VIII (KANGGO TANGGAL 12 TEKAN 17 APRIL 2010

E-LEARNING KELAS VIII
(KANGGO TANGGAL 12 TEKAN 17 APRIL 2010)
Ukara sajroning kurung owahana manut unggah-ungguh basa kang trep!
Tuladha : Embah saweg (turu) woten ing kamar ngajeng.
Wangsulan : Embah saweg sare wonten ing kamar ngajeng.
1. Tamara (tuku) coca-cola wonten ing koprasi sekolah.
2. Mbak Ladya (nganter) Pak Agus dhateng New Zeland.
3. Ibu (lunga) dhateng Semarang (ngadhep) eyang.
4. Kula saestu (melu) karyawisata manawi dhateng Jakarta.
5. Kanca-kanca kula sami (lunga) dhateng Bedhagas dinten punika.
6. Manawi wangsulipun telat kula mesthi (ngomong) Ibu.
7. Bu (oleh) punapa boten manawi kula (melu) karyawisata dhateng Bali?
8. Bapak tuwin Ibu guru sampun (ngomong) manawi dereng mudheng (takon) kemawon dhumateng Bapak utawi Ibu guru.
9. Bu guru (takon) sinten ingkang milih dhateng Jakarta tuwin sinten ingkang ngajengaken karyawisata dhateng Bali.
10. Adhik nangis popokipun teles amargi (nguyuh), Ibu dereng (ngerti) amargi saweg masak pramila boten (krungu).
11. Kula boten (mangkat) sekolah amargi (sikilku) saweg (lara).
12. Bapak (mulih) saking Jakarta (nggawa) angsal-angsal kathah sanget.


Wangsulan detulis neng kertas dekumpulna “paling lambat” dina Senen tanggal 19 April 2010 jam pitu esuk.

Senin, 12 April 2010

E-LEARNING KL VII (.12 s.d. 17 APRIL 2010 )

Wacan ngisor kiye wacanen permati kanggo mangsuli pitakonan nomer 1 tekan nomer 6!
Gayus – Aparat Dinuga Pidak Jempol
Satgas Pemberantasan Mafia Hukum, Deni Indrayana, Senen (29/3) nduga, kasus penggelapan dhuwit pajeg 25 milyad dening Gayus Tambunan ngembet aparat kapulisen, kejaksaan lan pengadilan. Denny ora percaya Gayus, pegawe golongan III A Dirjen Pajak, bisa nilep dhuwit pajek samono akehe mau tanpa luwih dhisik pidak jempol kalawan aparat jejeging adil. Satgas, miturut Denny, wis ngesaki bukti-bukti anane sindikat ing kalangane aparat hokum ditambah PNS lan aparat Dirjen Pajak dhewe. Salah sijine, yagene Gayus ora ditahan lan malah dibebasake dening hakim nalika perkarane disidang. ……………………………………………………………………………………………………………………. (Kapetik sekang PS No.15, 10 April 2010)
1. Manut wujude wacan,wacan neng dhuwur kalebu … . a. gancaran b. geguritan c. tembang d. pacelathon 2. Denny Indrayana kuwe … . a. saksi penggelapan uang pajak C. Satgas Pemberantasan Mafia Hukum b. aparat kepulisian d. pegawe pengadilan 3. Kasuse Gayus ngembet maring aparat penegak hokum, yakuwe … . a. kepulisen b. kejaksaan c. pengadilan d. a,b,c bener 4. Pratelan ngisor kiye sing ora cocog karo wacan dhuwur yakuwe … . a. Gayus pidak jempol karo aparat penegak hukum b. Gayus nilep dhuwit pajek selawe milyad c. Gayus diukum amarga kewenangan nilep dhuwit pajek d. Gayus kuwe pegawe Dirjen Pajak golongan III A
5. Wacan neng dhuwur kapetik sekang … . a. PS No 10, 15 April 2010 c. PS No 15, 10 April 2010 b. Ps No 25, 10 April 2010 d. PS No 15, 15 April 2010 6. Wacan neng dhuwur kadadeyan sekang … ukara. a. 3 b. 4 c. 5 d. 6 d. 7. Bapak lagi nandur gedhang nang kebon. Ukara kuwe sejatine kliru,gedhang kok detandur, gedhang kuwe anggone depangan sing detandur kuwe wite. Basa sing kliru, nanging lumrah denggo, yen debeneraken malah dadi ora ora lumrah. Bab mangkono kuwe dearani rura basa.Gatekna pratelan kiye! 1. Bapak nguleg sambel. 3. Ibu adang beras karon. 2. Mas Anjas netel budin. 4. Mbak Dian masak iwak grameh. Sing kalebu rura basa sekang pratelan nomer 1tekan nomer 4 yakuwe … . a. 1 lan 2 b. 2 lan 3 c. 1 lan 4 d. 2 lan 4 8. Aku mangkat sekolah dene Ibu … kantor. Pratelan sing cocog kanggo ngga- nepi ukara kuwe … . a. kesah b. bidhal c. tindak d. mangkat 9. Guru : “Kenang apa ko wingi ora mangkat?”. Nyong: ”… “. Pratelane nyong sing cocog manut unggah-ungguh yakuwe : a.Wingi padharan kula sakit. c.Kala wingi weteng kula gerah. b.Kala wingi padharan kula gerah. d.Kala wingi weteng kula sakit. 10. Bapak … kenang apa aku ora mangkat sekolah. Pratelan kang cocog kanggo ngganepi ukara kasebut manut unggah-ungguh yakuwe … . a. taken b. takon c. nyuwun pirsa d.mundhut pirsa
Wangsulan dekirim lewat E-mail maring alamat sing kacithak neng ngisor kiye!
(jeneng alamatmu kudu padha karo jeneng sing kacetak neng daftar nilai)

-----------------------------------------rukini65@yahoo.co.id--------------------------------------

E-LEARNING KL VII (.12 s.d. 17 APRIL 2010 )

E-LEARNING KELAS VII
(KANGGO TANGGAL 12 TEKAN 17 APRIL 2010)
Wacan ngisor kiye wacanen permati kanggo mangsuli pitakonan nomer 1 tekan nomer 6!
Gayus – Aparat Dinuga Pidak Jempol
Satgas Pemberantasan Mafia Hukum, Deni Indrayana, Senen (29/3) nduga, kasus penggelapan dhuwit pajeg 25 milyad dening Gayus Tambunan ngembet aparat kapulisen, kejaksaan lan pengadilan. Denny ora percaya Gayus, pegawe golongan III A Dirjen Pajak, bisa nilep dhuwit pajek samono akehe mau tanpa luwih dhisik pidak jempol kalawan aparat jejeging adil. Satgas, miturut Denny, wis ngesaki bukti-bukti anane sindikat ing kalangane aparat hokum ditambah PNS lan aparat Dirjen Pajak dhewe. Salah sijine, yagene Gayus ora ditahan lan malah dibebasake dening hakim nalika perkarane disidang. ……………………………………………………………………………………………………………………. (Kapetik sekang PS No.15, 10 April 2010)
1. Manut wujude wacan,wacan neng dhuwur kalebu … . a. gancaran b. geguritan c. tembang d. pacelathon 2. Denny Indrayana kuwe … . a. saksi penggelapan uang pajak b. Satgas Pemberantasan Mafia Hukum c. aparat kepulisian d. pegawe pengadilan 3. Kasuse Gayus ngembet maring aparat penegak hokum, yakuwe … . a. kepulisen b. kejaksaan c. pengadilan d. a,b,c bener 4. Pratelan ngisor kiye sing ora cocog karo wacan dhuwur yakuwe … . a. Gayus pidak jempol karo aparat penegak hukum b. Gayus nilep dhuwit pajek selawe milyad c. Gayus diukum amarga kewenangan nilep dhuwit pajek d. Gayus kuwe pegawe Dirjen Pajak golongan III A
5. Wacan neng dhuwur kapetik sekang … . a. PS No 10, 15 April 2010 c. PS No 15, 10 April 2010 b. Ps No 25, 10 April 2010 d. PS No 15, 15 April 2010 6. Wacan neng dhuwur kadadeyan sekang … ukara. A. 3 b. 4 c. 5 d. 6 7. Bapak lagi nandur gedhang nang kebon. Ukara kuwe sejatine kliru,gedhang kok detandur, gedhang kuwe anggone depangan sing detandur kuwe wite. Basa sing kliru, nanging lumrah denggo, yen debeneraken malah dadi ora ora lumrah. Bab mangkono kuwe dearani rura basa.Gatekna pratelan kiye! 1. Bapak nguleg sambel. 3. Ibu adang beras karon. 2. Mas Anjas netel budin. 4. Mbak Dian masak iwak grameh. Sing kalebu rura basa sekang pratelan nomer 1tekan nomer 4 yakuwe … . a. 1 lan 2 b. 2 lan 3 c. 1 lan 4 d. 2 lan 4 8. Aku mangkat sekolah dene Ibu … kantor. Pratelan sing cocog kanggo ngga- nepi ukara kuwe … . a. kesah b. bidhal c. tindak d. mangkat 9. Guru : “Kenang apa ko wingi ora mangkat?”. Nyong: ”… “. Pratelane nyong sing cocog manut unggah-ungguh yakuwe : a. Wingi padharan kula sakit. c. Kala wingi weteng kula gerah. B. Kala wingi padharan kula gerah. d. Kala wingi weteng kula sakit. 10. Bapak … kenang apa aku ora mangkat sekolah. Pratelan kang cocog kanggo ngganepi ukara kasebut manut unggah-ungguh yakuwe … . a. taken b. takon c. nyuwun pirsa d.mundhut pirsa
Wangsulan dekirim lewat E-mail maring alamat sing kacithak neng ngisor kiye!
( jeneng alamatmu kudu padha karo jeneng sing kacithak neng daftar nilai)

-----------------------------------------rukinj65@yahoo.co.id--------------------------------------

Senin, 29 Maret 2010

TUGAS E-LEARNIG KL VIII DAN VII E,F,G DAN H (29/3 s.d 1/4 2010)

TUGAS (E-LEARNING) MAPEL BAHASA JAWA
TANGGAL 29 MARET S.D. 1 APRIL 2010
KELAS VIII (DELAPAN) DAN KELAS VII (TUJUH) E,F,G,H
KELAS VIII
CANDRA(PANYANDRA)
Candra bisa ateges rembulan,bisa uga ateges gegambaran. Angger tembung candra dewehi ater-aer anuswara any- dadine nyandra. Nyandra ateges nggambar barang utawa kahanan nganggo pepindhan. Tembung pepindhan kadadeyan sekang tembung pindha,derangkep wandane sing ngarep (pi) lan oleh panambang –an (pi-pjndha-an => pipindhan => pepindhan ). Dasanamane tembung pindha yakuwe pendah,yayah,kadi,kaya,kadya,lir,lly (Bhs. Ind.: seperti,bagaikan,bak,laksana,dsb.).Dadi pepindhan yakuwe unen-unen kang ngemu surasa pepadhan, emper-emperan utawa irib-iribanan.Pandhapuke ukara : a. ganggo tembung pindha utawa dasanamane(kaya,lir,lly.), tuladhane : -Tandange kaya sikatan nyamber walang. -Putih memplak pindha kapuk dewusoni. -Rupane bocah kembar kuwe kadya jambe sinigar. -Pangamuke kadi banteng ketaton. -lan liya-liyane. b. Tanpa tembung pindha utawa dasanamane,tapi ana tembung sing maknane kaya, tuladhane : -Pipane menyu,menyu tegese kaya penyu. -Brengose Jojon nglaler mencok,nglaler tegese kaya laler, -Suguhane mbanyu mili, mbanyu tegese kaya banyu,-lan liya-liyane.
Gole nggambar barang utawa kahanan ora nganggo cat air, pastel, pensil warna utawa spidol tapi nganggo pepindhan, ya kuwe sing dearani nyandra /panyandra.Sing decandra kuwe warna-warna, kayata perangane awak,mangsa, wong mabuk marga omben-omben, prajurit, wong nesu, yaksa lan liya-liyane. Panyandra ngisor kiye tutugna (referensi bisa sekang buku utawa nyuwun pirsa maring mbah GOOGLE) !
1. Dewi wara Sembadra yen cinandra: a.Rambute…, b. Alise…,c. Idepe…, d. Mripate…,e.Irunge…,f. Lambene…,g. Untune…,h. Drijine…,i. Tangane…, j. Bangkekane….
2. Krungu sumaure Kumbakarna, Dasamuka muring ( nesu/kesuh ), …gathik, jaja bang…, imba…, idepe…, kumedhot … lathi.
3. Angger ana tontonan ana bae sing mendem/mabuk, amarga nginum inuman keras.Jaman kuna wong nginum kaya kuwe nganggo gelas sing arane sloki. Angger nginum sasloki candrane eka padmasari, dene 2 sloki yen cinandra…, catur sura panggah kuwe candrane wong nginum oleh….
4. Dasamuka, ratu Ngalengka awujud yaksa/raseksa. Mripate pindha…, asumping…,...wiwaraning guwa.

KELAS VII E, F, G, H.
I. RURA BASA
Rura = rurah = rusak, rura basa yakuwe basa sing rusak/salah nanging wis lumrah ( kaprah/umum ), angger dedandani malah dadi ora lumrah.Tuladhane : nyurung bakso (sing desurung grobogane,dudu baksone), mikul dhawet (sing depikul wadhahe dhawet, dudu dhawete), nguleg sambel (sing diuleg bahan sambel supaya dadi sambel, ora wis dadi sambel terus deuleg), lan sapanunggulane.
Rura Basa ngisor kiye tutugna!
1. Ibu lagi adang … kanggo sukurane mbak Hesti katampa CPNS. 2. Bapak lagi netel …, amarga kepengin gawe gendar dhewek. 3. Ibu … wedang kanggo nggawe unjukan kagem embah. 4. Mbak Titik … kolek kanggo buka puasa. 5. Bapak lagi … pete ing kebon. 6. Mas Aril nyangkok … manalagi neng kebone wa Parto. 7. Dhong Home Stay inyong ngrewangi meres … neng kandhang. 8. Saben riyaya Idul Adha inyong kabagian nyindik sate, dene kangmasku sing … sate nganggo areng. 9. Pak Helmi ngetor… amarga wis keton ana sing kuning. 10. Mbak Eti pagaweane … klambi.

II. JARWA DHOSOK / KERATA BASA
Jarwa dhosok/kerata basa: tembung kang detegesi sarana nggothak-nggatukake wandane supaya mathuk, dadine dudu teges sing sabenere.Tuladhane: Tembung wedang kadadeyan sekang wanda we lan dang.Wanda we detegesi gawe/ngawe lan wanda dang detegesi kadang sing tegese sedulur, dadi tegese sapa sing kepengin sugih kadang angger ana wong teka kudu gelem nggawekaken wedang. Negesi tembung kaya kuwe sejatine ora bener.Teges sabenere we tegese banyu, dang: dedang / degodhog, dadi wedang tegese banyu sing wis dedang utawa banyu mateng.
Apa jarwa dhosoke tembung kang kacithak miring neng ukara ; 1. Bapak tindak Jakarta dhek mau esuk. 2. Padamelan griya kedahipun sami antawis lare jaler kaliyan estri. 3. Nyong nggelet ngelmu neng SMP 1 Purbalingga. 4. Jaman kuna yang buyutku wis kagungan skuter.

III. UNGGAH-UNGGUH BASA Unggah – ungguh basa kuwi mujudake tata kramane wong ngomong. Tembung-tembung ing ukarane kaperang dadi 3,yakuwe ngoko, krama lan krama inggil.Dene ukarane ana kurang lewih 10 warna,nanging sing umum denggo ya kur basa ngoko (ngoko lugu lan ngoko andhap/ngoko alus), lan basa krama (krama lugu lan krama andhap/alus).Jlentrehe kaya kiye :
1. Basa Ngoko, ana 2 yakuwe:
a.Basa Ngoko Lugu Basa kiye denggo rembugan tumrap wong sing wis kulina, kayata yen ngomong maring kanca, wong tuwa/guru maring bocah. Jenenge bae lugu dadi ya esih asli, durung ana campurane asane ngoko kabeh, ora nana campurane,tuladha: -Ko arepan maring ngendi? -Kapan gole mangkat maring Singapur?
b.Basa Ngoko Andhap/Alus Basa ngoko alus kadadean sekang basa ngoko kacampuran basa karma inggil tumrap sing deajak guneman, ater-ater lan panambange basa karma inggile ora dikramakake. Basa kiye denggo maring wong sing wis biasa nanging esih ngajeni,kayata ibu maring bapak utawane wong sing lewih nom tapi pangkate lewih dhuwur. Tuladhane; -Panjenengan wingi tindake nitih apa?
2. Basa Krama, ana 2 yakuwe;
a.Basa Krama Lugu Kaya neng basa ngoko lugu basa sing denggo neng kene ya krama kabeh,ora kacampuran basa liyane.Basa kiye denggo maring brayan sing during kulina, Nanging yen nganggo basa karma rasane kalusen. Tuladhane: -Sampeyan napa sios kesah dhateng Singapur?
b.Basa Krama Andhap/Alus Basa krama kiye kadadeyan sekang basa krama kacampuran basa krama inggil tumrap sing deajak guneman, ater-ater lan panambange dekramakake kabeh. Tuladhane : -Bapak tindak dhateng Jakarta, konduripun ngasta oleh-oleh.
Tetandhingan basa ngoko lan basa karma
Basa ngoko lugu: Mbah Darmo wis mari larane mula oleh mulih. Basa ngoko alus: Mbah Darmo wis dhangan gerahe mula oleh kondur. Basa krama lugu: Mbah Darmo sampun mantun sakitipun, mila angsal mantuk. Basa krama alus: Mbah Darma sampun dhangan gerahipun mila sampun kepareng
Gawenen kaya tuladha!
1. Kapan sampeyan ajeng kesah dhateng Singapur?(Kepriwe basa ngoko lugu,ngoko alus lan krama aluse?)

2. Pak Pedrosa rawuh saka Spanyol ngasta angsal-angsal kathah sanget. (Basa ngoko lugu, ngoko alus lan krama lugune kepriwe?)

Sabtu, 20 Februari 2010

TUGAS KELAS VII E,F,G,H ( Tugas E-Learning )

            Manut klausane (klausa: tembung 2 sing kadadean sekang jejer lan wasesa sarta bisa dadi ukara), ukara bisa kaperang dadi 3,yakuwe :

1.Ukara Elip, yakuwe ukara sing kadadean kurang sekang saklausa,tuladhane:
   ~Ngenteni neng alun-alun (ngenteni: wasesa, alun-alun: katrangan panggonan).
   ~Mangan bakso panas (mangan: wasesa, bakso panas: lesan).
   ~lan sapiturute.

2.Ukara lamba (kalimat tunggal), yakuwe ukara kang kadadean sekang saklausa/jejer lan wasesane kur siji.    bisa detambahi lesan / geganep / katrangan, Tuladhane:
   ~Ibu tindak maring kantor.
   ~Bocah-bocah lagi gawe yel-yel.
   ~lan liya-liyane.

3.Ukara Camboran (kalimat majemuk),yakuwe ukara kang kadadeyan sekang rong klausa utawa lewih.
   Gole ndhapuk ukara nganggo tembung panggandheng utawa cukup nganggo tandha koma.
   Ukara camboran kaperang dadi loro, yakuwe:
   a.Ukara camboran sajajar(kalimat majemuk setara), tembung panggandhenge kayata: lan, sarta,
     dene,ewadene, nanging, lly.
   b.Ukara camboran susun henge(kalimat majemuk bertingkat), tembung panggandhenge, kayata: nalika,
      mula,amarga,jalaran, sebab, sanajan, lan liya-liyane.

Klausa  ngisor kiye dadekna ukara camboran nganggo tembung panggandheng kang cocog.
1. a.aku sekolah neng SMP 1 Purbalingga                     
    b.adhiku sekolah neng SD Purbalingga Lor 1                
2. a.Paijo bodho                                                            
    b.Paijo ora tau sinau                                                    
3. a.jeruke derumat                                                        
    b.wohe mbiyet mengini                                                 
4. a.kangmasku dudu dhokter                                       
    b.kangmasku mantri                                                       
5. a.Embah seda
    b.akudurung lair
6. a.Aku nggarap PR basa Jawa
    b.adhiku nggarap PR matematika
7. a.sing menang dudu Pedrosa
    b.sing menang Rossi
8. a.dhek wingi kodanan
    b.sirahku puyeng
9. a.Rosita pinter    b.Rosita ora gumedhe
10.a.Aku ora nggarap PR
     b.Aku dedukani pak Guru

Jumat, 19 Februari 2010

Tugas Bahasa Jawa Kelas VIII (untuk tanggal 21 Peb. s.d.1Maret 2010).

I.Ukara yen kaperamg manut wasesane, kaperang dadi 3,yakuwe;
1.Ukara Tanduk ( Kalimat Aktif ).
   Ukara tanduk yakuwe ukara kang ;
   - Jejere nindakake pagawean.
   -Wasesane tembung kriya lingga utawa kriya tanduk (kata kerja aus atau kata kerja aktif).
     Tuladha tembung kriya lingga: adus, lunga, teka, turu, tuku, lungguh,lly, dene tembung kriya tanduk tanduk
     kuwe tembung kang oleh ater-ater anuswara, kayata; nyapu,mangan, ngarang, nulis lsp.
   -Yen nganggo lesan,lesane kataman pagawean, nanging bisa uga tanpa lesan (ukara tanduk  intransitif).
   -Ukara tanduk sing nganggo lesan ( transitif ) bisa didadekake ukara tanggap (kalimat pasif).
   ~Lesan ing ukara tanduk,bisa dadi jejer ing ukara tanggap,angger ora bisa berarti dudu lesan.

Sabtu, 06 Februari 2010

TUGAS KELAS VIII

Ukara ngisor kiye ngemu surasa apa?
1. La kae...,deomongi kok ora nggugu!
2. Lho...,jebule ko ya sing tiba wingi!
3. Astaghfirullah...,bocah kon sinau kok angel temen!
4. Ya...hh,nyong remidial matem kiye!
5. Ha...apa dhuwite ko ilang?
6. Wah...,apik tenan mejid purbalingga kiye ya!
7. Oalah...,nggarap PR ket mau kok ora rampung-rampung!
8. Weladalah...,wis jam semene kok durung teka.
9. Lha ..., ya kiye sing tektunggu kit wingi.
10. Inalillahi...,sapa kae sing tabrakan?

TUGAS KELAS VIII dan KELAS VII

Ukara panguwuh/sabawa ngisor kiye ngemu surasa apa ?

1. Lha kae, deomongi kok malah sumaur.
2. O...jebule ko ya sing tiba wingi sore kae.
3. Wah jebul gedhe pisan candhi Borobudur kuwe.
4. Lha... ya kiye bocah sing sregep.
5. Halah...kaya kuwe bae kok ora teyeng.
6. Hayo...sapa sing telat miki?
7. Tobaaat-tobat...,bocah deomongi kok ngeyel temen.
8. Astaghfirullah...,madan manut sih ngapa.
9. Hah...apa, dhuwitmu ilang?
10.Yah...,bijiku ala-ala,nyong kudu sinau maning kiye.

Senin, 01 Februari 2010

Parikan yakuwe unen-unen mawa paugeran :

1.Kadadean sekang 2 ukara,saben ukara kadadean sekang 2 gatra.
2.Pandhapuke ukara mawa purwakanthi sastra.
3.Ukara kapisan minangka pancadan dene isine dumunung ing ukara ka loro.

Tuladhane:
a.Iwak bandeng,durung wayu.
Priya nggantheng, sugih ilmu.

Katrangan :Unen-unen kasebut ,
1.kadadean sekang 2 ukara,yakuwe;Iwak bandeng,durung wayu lan Priya nggantheng,sugih
ilmu.Ukara 1 lan 2 kadadean sekang 2 gatra,Gatra 1 yakuwe iwak bandeng lan priya nggan-
theng,dene gatra ka2 yakuwe durung wayu lan sugih ilmu.
2.nganggo purwakanthi swara yakuwe neng tembung eng ing tembung bandeng lan eng ing
tembung nggantheng.Swara yu ing tembung wayu lan mu ing tembung ilmu.
3.Ukara iwak bandeng durung wayu kuwe kur pancadan sing fungsine kanggo narik kawigaten,
dene isine manggon neng ukara sing ka-2 yakuwe priya nggantheng sugih ilmu.

Tuladha liyane;
-Maring pasar,tuku cipir.Ja sumelang, ra depikir.
-Permen-permen, glali-glali. Biyen-biyen,siki-siki.
-Ngetan, bali ngulon.Tiwas edan, ra kelakon.

Gawea parikan sing isine ana sesambungane karo bocah sekolah 2 bae, gunggunge wanda bebas.