Senin, 29 Maret 2010

TUGAS E-LEARNIG KL VIII DAN VII E,F,G DAN H (29/3 s.d 1/4 2010)

TUGAS (E-LEARNING) MAPEL BAHASA JAWA
TANGGAL 29 MARET S.D. 1 APRIL 2010
KELAS VIII (DELAPAN) DAN KELAS VII (TUJUH) E,F,G,H
KELAS VIII
CANDRA(PANYANDRA)
Candra bisa ateges rembulan,bisa uga ateges gegambaran. Angger tembung candra dewehi ater-aer anuswara any- dadine nyandra. Nyandra ateges nggambar barang utawa kahanan nganggo pepindhan. Tembung pepindhan kadadeyan sekang tembung pindha,derangkep wandane sing ngarep (pi) lan oleh panambang –an (pi-pjndha-an => pipindhan => pepindhan ). Dasanamane tembung pindha yakuwe pendah,yayah,kadi,kaya,kadya,lir,lly (Bhs. Ind.: seperti,bagaikan,bak,laksana,dsb.).Dadi pepindhan yakuwe unen-unen kang ngemu surasa pepadhan, emper-emperan utawa irib-iribanan.Pandhapuke ukara : a. ganggo tembung pindha utawa dasanamane(kaya,lir,lly.), tuladhane : -Tandange kaya sikatan nyamber walang. -Putih memplak pindha kapuk dewusoni. -Rupane bocah kembar kuwe kadya jambe sinigar. -Pangamuke kadi banteng ketaton. -lan liya-liyane. b. Tanpa tembung pindha utawa dasanamane,tapi ana tembung sing maknane kaya, tuladhane : -Pipane menyu,menyu tegese kaya penyu. -Brengose Jojon nglaler mencok,nglaler tegese kaya laler, -Suguhane mbanyu mili, mbanyu tegese kaya banyu,-lan liya-liyane.
Gole nggambar barang utawa kahanan ora nganggo cat air, pastel, pensil warna utawa spidol tapi nganggo pepindhan, ya kuwe sing dearani nyandra /panyandra.Sing decandra kuwe warna-warna, kayata perangane awak,mangsa, wong mabuk marga omben-omben, prajurit, wong nesu, yaksa lan liya-liyane. Panyandra ngisor kiye tutugna (referensi bisa sekang buku utawa nyuwun pirsa maring mbah GOOGLE) !
1. Dewi wara Sembadra yen cinandra: a.Rambute…, b. Alise…,c. Idepe…, d. Mripate…,e.Irunge…,f. Lambene…,g. Untune…,h. Drijine…,i. Tangane…, j. Bangkekane….
2. Krungu sumaure Kumbakarna, Dasamuka muring ( nesu/kesuh ), …gathik, jaja bang…, imba…, idepe…, kumedhot … lathi.
3. Angger ana tontonan ana bae sing mendem/mabuk, amarga nginum inuman keras.Jaman kuna wong nginum kaya kuwe nganggo gelas sing arane sloki. Angger nginum sasloki candrane eka padmasari, dene 2 sloki yen cinandra…, catur sura panggah kuwe candrane wong nginum oleh….
4. Dasamuka, ratu Ngalengka awujud yaksa/raseksa. Mripate pindha…, asumping…,...wiwaraning guwa.

KELAS VII E, F, G, H.
I. RURA BASA
Rura = rurah = rusak, rura basa yakuwe basa sing rusak/salah nanging wis lumrah ( kaprah/umum ), angger dedandani malah dadi ora lumrah.Tuladhane : nyurung bakso (sing desurung grobogane,dudu baksone), mikul dhawet (sing depikul wadhahe dhawet, dudu dhawete), nguleg sambel (sing diuleg bahan sambel supaya dadi sambel, ora wis dadi sambel terus deuleg), lan sapanunggulane.
Rura Basa ngisor kiye tutugna!
1. Ibu lagi adang … kanggo sukurane mbak Hesti katampa CPNS. 2. Bapak lagi netel …, amarga kepengin gawe gendar dhewek. 3. Ibu … wedang kanggo nggawe unjukan kagem embah. 4. Mbak Titik … kolek kanggo buka puasa. 5. Bapak lagi … pete ing kebon. 6. Mas Aril nyangkok … manalagi neng kebone wa Parto. 7. Dhong Home Stay inyong ngrewangi meres … neng kandhang. 8. Saben riyaya Idul Adha inyong kabagian nyindik sate, dene kangmasku sing … sate nganggo areng. 9. Pak Helmi ngetor… amarga wis keton ana sing kuning. 10. Mbak Eti pagaweane … klambi.

II. JARWA DHOSOK / KERATA BASA
Jarwa dhosok/kerata basa: tembung kang detegesi sarana nggothak-nggatukake wandane supaya mathuk, dadine dudu teges sing sabenere.Tuladhane: Tembung wedang kadadeyan sekang wanda we lan dang.Wanda we detegesi gawe/ngawe lan wanda dang detegesi kadang sing tegese sedulur, dadi tegese sapa sing kepengin sugih kadang angger ana wong teka kudu gelem nggawekaken wedang. Negesi tembung kaya kuwe sejatine ora bener.Teges sabenere we tegese banyu, dang: dedang / degodhog, dadi wedang tegese banyu sing wis dedang utawa banyu mateng.
Apa jarwa dhosoke tembung kang kacithak miring neng ukara ; 1. Bapak tindak Jakarta dhek mau esuk. 2. Padamelan griya kedahipun sami antawis lare jaler kaliyan estri. 3. Nyong nggelet ngelmu neng SMP 1 Purbalingga. 4. Jaman kuna yang buyutku wis kagungan skuter.

III. UNGGAH-UNGGUH BASA Unggah – ungguh basa kuwi mujudake tata kramane wong ngomong. Tembung-tembung ing ukarane kaperang dadi 3,yakuwe ngoko, krama lan krama inggil.Dene ukarane ana kurang lewih 10 warna,nanging sing umum denggo ya kur basa ngoko (ngoko lugu lan ngoko andhap/ngoko alus), lan basa krama (krama lugu lan krama andhap/alus).Jlentrehe kaya kiye :
1. Basa Ngoko, ana 2 yakuwe:
a.Basa Ngoko Lugu Basa kiye denggo rembugan tumrap wong sing wis kulina, kayata yen ngomong maring kanca, wong tuwa/guru maring bocah. Jenenge bae lugu dadi ya esih asli, durung ana campurane asane ngoko kabeh, ora nana campurane,tuladha: -Ko arepan maring ngendi? -Kapan gole mangkat maring Singapur?
b.Basa Ngoko Andhap/Alus Basa ngoko alus kadadean sekang basa ngoko kacampuran basa karma inggil tumrap sing deajak guneman, ater-ater lan panambange basa karma inggile ora dikramakake. Basa kiye denggo maring wong sing wis biasa nanging esih ngajeni,kayata ibu maring bapak utawane wong sing lewih nom tapi pangkate lewih dhuwur. Tuladhane; -Panjenengan wingi tindake nitih apa?
2. Basa Krama, ana 2 yakuwe;
a.Basa Krama Lugu Kaya neng basa ngoko lugu basa sing denggo neng kene ya krama kabeh,ora kacampuran basa liyane.Basa kiye denggo maring brayan sing during kulina, Nanging yen nganggo basa karma rasane kalusen. Tuladhane: -Sampeyan napa sios kesah dhateng Singapur?
b.Basa Krama Andhap/Alus Basa krama kiye kadadeyan sekang basa krama kacampuran basa krama inggil tumrap sing deajak guneman, ater-ater lan panambange dekramakake kabeh. Tuladhane : -Bapak tindak dhateng Jakarta, konduripun ngasta oleh-oleh.
Tetandhingan basa ngoko lan basa karma
Basa ngoko lugu: Mbah Darmo wis mari larane mula oleh mulih. Basa ngoko alus: Mbah Darmo wis dhangan gerahe mula oleh kondur. Basa krama lugu: Mbah Darmo sampun mantun sakitipun, mila angsal mantuk. Basa krama alus: Mbah Darma sampun dhangan gerahipun mila sampun kepareng
Gawenen kaya tuladha!
1. Kapan sampeyan ajeng kesah dhateng Singapur?(Kepriwe basa ngoko lugu,ngoko alus lan krama aluse?)

2. Pak Pedrosa rawuh saka Spanyol ngasta angsal-angsal kathah sanget. (Basa ngoko lugu, ngoko alus lan krama lugune kepriwe?)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar