Jumat, 19 Februari 2010

Tugas Bahasa Jawa Kelas VIII (untuk tanggal 21 Peb. s.d.1Maret 2010).

I.Ukara yen kaperamg manut wasesane, kaperang dadi 3,yakuwe;
1.Ukara Tanduk ( Kalimat Aktif ).
   Ukara tanduk yakuwe ukara kang ;
   - Jejere nindakake pagawean.
   -Wasesane tembung kriya lingga utawa kriya tanduk (kata kerja aus atau kata kerja aktif).
     Tuladha tembung kriya lingga: adus, lunga, teka, turu, tuku, lungguh,lly, dene tembung kriya tanduk tanduk
     kuwe tembung kang oleh ater-ater anuswara, kayata; nyapu,mangan, ngarang, nulis lsp.
   -Yen nganggo lesan,lesane kataman pagawean, nanging bisa uga tanpa lesan (ukara tanduk  intransitif).
   -Ukara tanduk sing nganggo lesan ( transitif ) bisa didadekake ukara tanggap (kalimat pasif).
   ~Lesan ing ukara tanduk,bisa dadi jejer ing ukara tanggap,angger ora bisa berarti dudu lesan.
Tuladhane;
    a.Bapak tindak maring Semarang (: ukara tanduk intransitif ).
    b.Ibu saweg mirsani film BBF(ukara tanduk transitif).Yen didadekake ukara tangggap, dadine
    Katrangan; a.Bapak; jejer, tindak; wasesa, maring Semarang; katrangan panggonan.
                      b.Ibu; jejer, saweg mirsani; wasesa, film BBF; lesan,angger dedadekna tanggap dadine
                         Film BBF dipirsani Ibu.



2.Ukara Tanggap (kalimat pasif).
  Ukara tanggap yakuwe ukara sing :
  -Jejere kataman / kena pagawean.
  -Wasesane tembung kriya tanggap,yakuwe tembung kang oleh ater-ater tripurusa(dak-,ko-,di-),
    ater-ater ka-,utawa seselan-in-.
  -Lesane ora nana.
  Tuladhane ;
  a.Bukune Anjas daksilih, b.PR-e lagi kogarap,c.Kelase disaponi Tamara,
     d.Bukuku kagawa Gunawan,e.Runtahe ingobong Adhiku,lsp.
  Katrangan; a.Bukune Anjas; jejer, daksilih; wasesa.
                    b.PR-e; jejer,lagi kogarap; wasesa, lsp.
                    e.Runtahe; jejer, ingobong; wasesa, adhiku;geganep.

 3.Ukara Nominal.
    Ukara nominal yakuwe ukara kang wasesane saliyane tembung kriya.
    Tuladhane; a.Bapakku guru.Katrangan; Bapakku; jejer, guru; wasesa (tembung aran/kata benda ).
                      b.Bu Kristin ayu, Bu Kristin: jejer, ayu; wasesa (tembung kahanan).
                      c.Celenganku limang yuta, celenganku; jejer, limang yuta: wasesa (tembung wilangan).

 II.Ngudhal Ukara (menguraikan kalimat).
    Ngudhal ukara,kaperang dadi 3, yakuwe ngudhal ukara manut;
    a.Fungsi,
    b.Kategori,
    c.Peran.
   Sing arep derembug neng kene yakuwe ngudhal ukara manut fungsine,yakuwe ngudhal ukara manut
   jejer,wasesa, lesan, geganep lan katrangan.Lewih jelase wacanen ngudhal ukara ing buku WIJI(wulangan 6)
  Ukara neng ngisor kiye udhalen manut fungsine ( J/W/L/Gg/Kat.).
  1.Aku ngumbah motor saben dina Minggu.
  2.Aku sregep sinau supaya pinter.
  3.Dina nggarap PR Bahasa Ingris nganggo alfa link.
  4.Ardin pinter amarga sregep sinau.
  5.Bapak kondur, nalika aku lagi sinau.
  6.Rari ayu mulane akeh sing naksir.
  7.Dhek wingi sore ibu mundhut ageman neng toko ABC.
  8.Saben esuk aku pinaringan sangu.
  9.Dhuwit celenganku wis dakjupuk.
  10.PR-ku diturun bocah sakelas.

 Garapen neng buku garapan lan dikumpulake dina Selasa, tanggal 2 Maret 2010. 

2 komentar:

  1. sangat bermanfaat. jangan lupa kunjungi balik www.hans-techno.blogspot.com

    BalasHapus
  2. MGM Casino Resort (2021) - Dr.MCD
    Gambling 세종특별자치 출장마사지 on 사천 출장샵 gambling is much 논산 출장마사지 more 김해 출장안마 complicated than gambling on horses, but it pays to be honest. In some cases, 나주 출장샵 it's much better than gambling

    BalasHapus