Sabtu, 06 Februari 2010

TUGAS KELAS VIII

Ukara ngisor kiye ngemu surasa apa?
1. La kae...,deomongi kok ora nggugu!
2. Lho...,jebule ko ya sing tiba wingi!
3. Astaghfirullah...,bocah kon sinau kok angel temen!
4. Ya...hh,nyong remidial matem kiye!
5. Ha...apa dhuwite ko ilang?
6. Wah...,apik tenan mejid purbalingga kiye ya!
7. Oalah...,nggarap PR ket mau kok ora rampung-rampung!
8. Weladalah...,wis jam semene kok durung teka.
9. Lha ..., ya kiye sing tektunggu kit wingi.
10. Inalillahi...,sapa kae sing tabrakan?

TUGAS KELAS VIII dan KELAS VII

Ukara panguwuh/sabawa ngisor kiye ngemu surasa apa ?

1. Lha kae, deomongi kok malah sumaur.
2. O...jebule ko ya sing tiba wingi sore kae.
3. Wah jebul gedhe pisan candhi Borobudur kuwe.
4. Lha... ya kiye bocah sing sregep.
5. Halah...kaya kuwe bae kok ora teyeng.
6. Hayo...sapa sing telat miki?
7. Tobaaat-tobat...,bocah deomongi kok ngeyel temen.
8. Astaghfirullah...,madan manut sih ngapa.
9. Hah...apa, dhuwitmu ilang?
10.Yah...,bijiku ala-ala,nyong kudu sinau maning kiye.

Senin, 01 Februari 2010

Parikan yakuwe unen-unen mawa paugeran :

1.Kadadean sekang 2 ukara,saben ukara kadadean sekang 2 gatra.
2.Pandhapuke ukara mawa purwakanthi sastra.
3.Ukara kapisan minangka pancadan dene isine dumunung ing ukara ka loro.

Tuladhane:
a.Iwak bandeng,durung wayu.
Priya nggantheng, sugih ilmu.

Katrangan :Unen-unen kasebut ,
1.kadadean sekang 2 ukara,yakuwe;Iwak bandeng,durung wayu lan Priya nggantheng,sugih
ilmu.Ukara 1 lan 2 kadadean sekang 2 gatra,Gatra 1 yakuwe iwak bandeng lan priya nggan-
theng,dene gatra ka2 yakuwe durung wayu lan sugih ilmu.
2.nganggo purwakanthi swara yakuwe neng tembung eng ing tembung bandeng lan eng ing
tembung nggantheng.Swara yu ing tembung wayu lan mu ing tembung ilmu.
3.Ukara iwak bandeng durung wayu kuwe kur pancadan sing fungsine kanggo narik kawigaten,
dene isine manggon neng ukara sing ka-2 yakuwe priya nggantheng sugih ilmu.

Tuladha liyane;
-Maring pasar,tuku cipir.Ja sumelang, ra depikir.
-Permen-permen, glali-glali. Biyen-biyen,siki-siki.
-Ngetan, bali ngulon.Tiwas edan, ra kelakon.

Gawea parikan sing isine ana sesambungane karo bocah sekolah 2 bae, gunggunge wanda bebas.